TRESNA
200 PERSEN
Srengenge ing etan wis ngongak
saka mburi gunung Wilis. Hisna cah wedok 18 tahun ngawiti lakune gawe golek
ilmu. Saiki lakune ora tumuju menyang SMA N 3 Ponorogo maneh, tapi tumuju
menyang salah sawijining Universitas ing Madiun. Awale Hisna iki ora bisa
neruske sekolahe, ananging Hisna oleh bantuan amerga deweke pinter. Kurang
luweh 5 sasi Hisna wis kacatet dadi mahasiswi ing Universitas iki,lan jupuk
fakultas ekonomi manageman.
Terah Hisna iku bocah sosial, ora
gumun yen deweke nduwe akeh kanca. Salah sawijining kancane yaiku Nino. Nino
iku anake petani biasa, pinter, senengane gombali cah wedok tapi ya mung gawe
guyon.Senajan ngono, Nino iku bocah kang taat marang agamane. Padha kaya Hisna,
Nino ya oleh bantuan dadi bisa neruske sekolahe.
Ngawet awal kenalan, Hisna lan
Nino wis akrab kaya kanca kentel. Cah loro iku kerep curhat-curhatan ngenani
apa wae. Ora krasa curhatane cah loro iku wis sampek masalah keluarga barang.
“We ke tak sawang jane ayu lo,
sayange aku anak pertama kowe anak ketelu Na Na” Sambate Nino “Ngawet bayi aku wis ayu.
Aja omong we ngeser aku.Aku ora level karo kowe No” Guyone Hisna karo ngaca “Terah iya aku ngeser kowe” Ujare Nino
“Wooot,,,aja pacaran.Gak pareng
loo ya.Kanca ae penak loo” saure Hisna kanti ngebut
Dina-dina ya mung perang
eyel-eyelan wae Hisna lan Nino.EyelIsuk kui Hisna panggon ing ngarep, Nino
panggon pas ing mburine Hisna. Nino kerep delehne tangane ing kursi ne Hisna
seh mburi. Saya suwi Hisna krasa enek sing aneh karo atine. Nino saya memeti
Hisna apa mung perasaane Hisna ae,Hisna ya gak faham. Bel ngaso saka TU muni.
“Na, gak neng kantin ta??” takone
Nino
“Ogak No. Pasa aku mau.” Saure
Hisna
“Oalah, ya wis ayo neng masjid
sholat Dzuha” Ajake Nino
“Wehhh,,pak Ustadz anyaran ki.Ayo
pak” Guyone Hisna
Wengi iku, sak wise sholat
Maghrib Hisna kelingan Nino kang ngajak sholat mau awan. Hisna krosa ayem wayah
kui. Hisna ya kelingan wayah Nino omong “Terah iya aku ngeser kowe” dek emben
kae.Tapi ora suwi Hisna terus eling yen Nino iku ora gelem ngrusak nilai
kuliyahe mung gara-gara pacaran.
Awan iku kira-kira jam 11 , Hisna
di jak Nino golek buku ing perpustakaan. Golek buku, di waca terus di balekne
maneh.Ora jelas buku apa kang di goleki Nino.Hisna kang baturi mung lingguh ing
kursi.Ora suwi Nino melu lingguh ing sandinge.
“Golek buku apa ta jane we ke No”
Takone Hisna
“hmmm,,nganu.Aku ngajak kowe rene
ora merga buku , nanging aku arep nakone ngenai kae,tresna ku neng kowe” Ujare
Nino karo gagap
“Loh kok kui ta?!! Aku jane ya
nduwe rasa padha kaya kowe, nanging wiwit awal awak dewe wis janjian bakal
kancanan kan?!! Kowe ya ra pengen ngrusak nilaimu ta?!!” Takone Hisna kalem
“Iya Na, tapi aku tresna
kowe,pengen dadi imam mu” Saure Nino susah
“Mulai saiki sholat dzuhur
barengan ae, imamono aku. Aku pengen 500 persen tresna mu iku gawe Gusti Allah,
300 persen gawe bapak ibu mu, sisane 200 persen gawe aku lan kanca-kanacamu”
Ujare Hisna nerangne
“Yen kui sing apik gawe aku lan
kowe aku mung isa ngiyani,mesem lan nglakoni ae. Kandane wong tuwa yen anak
pertama ora isa karo anak ketelu kui bener, terah ya mung kui halangane awak
dewe.Ora papa ora kesampean tresnaku iki demi nuruti wong tuwa” Saure Nino karo
mesem
Hisna
kang krungu Nino omong ngono mau langsung mesem.Ora suwi krungu adzan sholat
dzuhur saka mesjid kampus.Nino age-age nggeret tangane Hisna ngajak sholat.Nanging
Hisna ngendek lakune Nino.
“Tresnaku
200 persen gawe kowe Nino nakal” Ujare Hisna karo mesem
“Aku ya
tresna 200 persen neng kowe cah ayu” Saure Nino mesem
No comments:
Post a Comment